PANGERAN DIPONEGORO



PANGERAN DIPONEGORO
                                                                                                                           
Asmanipun Pangeran Diponegoro pancen sampun mboten asing malih wonten ing sejarah Indonesia. Salah satunggaling tokoh sejarah Indonesia menika lair kanthi asma Raden Mas Ontowiryo wonten ing Yogyakarta, 11 November 1785 silam.
Ramanipun Pangeran Diponegoro inggih menika Sri Sultan Hamengkubuwono III minangka ratu Kesultanan Mataram ingkang gadhahi puser wonten ing Yogyakarta. Menawi ibunipun, inggih menika Raden Ayu Mangkarawati, ngrupikaken satiyang garwa ampeyan utawi selir ratu.
         Nalika umuripun ingkang kaping 29, Pangeran Diponegoro sampun panitados konjuk nerusaken takhta ramanipun. Nanging kaliyan kandhapan manah, Pangeran Diponegoro mboten purun amargi rumaos kirang prayogi dados anak satiyang selir. Pangeran Diponegoro langkung mileh nglebeti elmi agami ing Tegalrejo, panggen tilar eyang putri buyutipun.
Takhta kesebat lajeng diserahkan dhateng putra permaisuri ingkang
gadhahi asma Raden Mas Ibnu Jarot kaliyan gelar Sultan Hamengkubuwono IV. Senaos sampun dados ratu, nanging ingkang nyuwasani pamerentahan tasih punggawa keraton ingkang gadhahin asma Patih Danurejo IV. Patih punika ugi kerjasam kaliyan Walandi kagem kepentinganipun piyambak.
           Soyo dangu, posisi sang patih tambah kiyat lebet pamerentahan. Langkung-langkung, saksampunipun Sultan Hamengkubuwono IV pejah donya. Ningali hal punika, Pangeran Diponegoro mboten mendel kemawon. Kanthi gamblang, piyambakipun pun nentang sang patih ingkang kerja sama dening tiyang Walandi wonten ing Yogyakarta.
           Perang antawisipun Pangeran Diponegoro kaliyan Patih lan Walanda sampun mboten saget kahindari. Kathah korban ingkang sedo menapa dene gerah kagem mbelani siti leluhur.
         Sawijining dinten, Walanda masang pathok wonten ing siti kagunganipun Pangeran Diponegoro wonten ing Tegalreja. Pangeran Diponegoro mboten sarujuk dhateng kelakuanipun Walandi ingkang ndamel sengsaranipun rakyat. Wanci 21 Juli 1825, prajurit Walanda nyerang dalem pangeran Diponegoro. Prajurit menika gadhahi niat supados nangkep Pangeran DIponegoro, ananging pangeran Diponegoro saget uwal kaliyan mlayu wonten ing guwa Slarong. Wonten papan menika kanthi meneng-meneng sampun disiapaken dados papan kagem kumpul para pejuang ingkang sarujuk marang Diponegro. Saksampunipun kabar kedadeyan Tegalrejo dumugi wonten ing kraton, kathah para ksatriya saha kulawarga kraton ingkang ninggalaken kraton lanjeng nyawiji kaliyan Pangeran Diponegoro. Wonten ing guwa Slarong ingkang dados markasipun, Pangeran Diponegoro saha para pejuang sanesipun mbangun rencana kagem ngadhepi Walanda. Guwa Slarong dados salah satunggaling papan ingkang nyathet perjuanganipun Pangeran Diponegoro.
Pangeran Diponegoro ingkang gadhahi sifat kapemimpinan, andhap ashor, lanthip, saha nindaaken dhawuhing agama kanthi becik, saget ditingali saking solah bawa, tumindak, lan pangagemanipun saben dintene. Sakdangunipun wonten ing Slarong, Pangeran Diponegoro ugi misahake antawisipun papan kagem piyantun kakung lan papan kagem piyantun putri. Kanyatanipun wonten guwa Kakung lan guwa Putri ten Slarong. Sedanten wau nggambaraken menawi wonten ing pangrasuk agama Islam antawisipun piyantun kakung lan putri mboten pareng campur sakderengipun mukrim.
Wonten ing sajroning peperangan, Walanda migunakaken mawarna-warni cara kagem ngalahaken Pangeran Diponegoro. Saking paprangan kang adhep-adhepan, ngadu-adu, lan rembugan. Walanda ping pinten kemawon kasunyatane kalah wonten ing paprangan ingkang adhep-adhepan banjur ngejak rembugan sae-saenan ananging ugi ditolak dening Pangeran Diponegoro. Pungkasanipun Walanda nyerang wonten ing Slarong ananging naika dugi wonten mriku sampun mboten wonten menapa-menapa lan Pangeran Diponegoro mbangun markas wonten ing Deksa.
Paprangan dumadi nganti tahun 1930 kang akhiripun Pangeran Diponegoro ditangkap lan dibuang wonten ing Manado lajeng dipindhah wonten ing Makassar ngantos sedanipun wonten ing Benteng Rotterdam tanggal 8 Januari 1855. Perjuanganipun lajeng diterusaken dening putra-putrane ingkang mboten wedi dening lantiping mimis. Perang Diponegoro andadosaken sedaning atusan ewu rakyat Ngayogyakarta saha puluhan ewu prajurit Walanda. Perang menika dados perang inkang paling ageng wonten ing salebeting sejarah paprangan

Comments

Popular posts from this blog

APRESIASI SENI LUKIS SESUAI PRINSIP-PRINSIP SENI RUPA

MAKALAH PERKEMBANGBIAKAN MAKHLUK HIDUP

Keunggulan dan Kelemahan Media LKS