KEBUDAYAAN JAWA
“SADRANAN
/ NYADRAN”
Sadranan
utawi nyadran inggih punika serangkaian upacara ingkang dilakoni dening
masyarakat Jawi, utamane Jawi Madya. Nyadran asalipun saking basa Sansekerta, sraddha ingkang artine keyakinan. Jeneng
nyadran menika asalipun saking tembung sraddha,
nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. Nyadran menika tradisi
resik-resik sarean dening masyarakat Jawi, umume ing dhusun. Lebet basa Jawi,
nyadran asalipun saking tembung sadran ingkang artine ruwah syakban, dados
sadranan utawa nyadran inggih punika kagiatan keagamaan ingkang sampun dados
tradisi wonten ing wulan Syakban (ruwah). Tradisi sadranan sampun umum dipun
lampahaken masyarakat muslim. Nyadran inggih punika salah sijining prosesi adat
budhaya Jawa awujud kagiatan setaun sepisan ing sasi ruwah wiwit saka
resik-resik pasarean leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya dene apem,
ater-ater lan slametan utawi kenduri.
Rangkaian
Kagiatan Sadranan
Kagiatan ingkang biyasa dilakoni nalika nyadran
utawi ruwahan inggih punika:
1. Reresik
sarean: ingkang dipun resiki inggih punika pasarean leluhur lan sedulur para
kadang. Dipun banjuraken kaliyan resik-resik dhusun.
2. Ndonga
maring Gusti Allah kangge keselametan kerabat ingkang taksih gesang lan ngirim
donga kangge katentreman arwah kerabat ingkang sampun tilar donyo.
3. Nyelenggarakake
kenduri, kaliyan pembacaan ayat Al-Quran, zikir, tahlil, ugi donga, lajeng
ditutup kaliyan tedha sareng. Kenduri punika biyasa dipun arani ruwahan.
Ingkang dipun undang umumipun kerabat lan tetanggi dhusun.
Nyadran
biyasane dilaksanaaken ing saben dinten dhateng-10 wulan Rajab utawi nalika
tekane wulan Sya’ban. Lebet ziarah petak, biyasane peziarah bekta sekar,
utamane sekar telasih. Sekar telasih dikanggekake dados lambang wontene hubungan
ingkang akrab antawis peziarah kaliyan arwah ingkang diziarahi. Para masyarakat
ingkang ngiringake nyadran biyasane donga kangge eyang-eyang, bapak-ibu, mawi
sedherek-sedherek ingkang sampun seda. Sakwise donga, masyarakat
nyelenggarakake kenduri utawi tedha sareng ing sepanjang radin ingkang sampun
digelari gelaran uga ron pisang. Saben batih ingkang ngiringake kenduri kedah
mbekta tedha piyambak. Tedha ingkang dibeto kedah awujud tedha tradisional,
kados ayam ingkung, sambel goreng ati, urap jangan kaliyan lauk rempah,
perkedel, tempe lan tahu.
Sejarah
Nyadran
PJ Zoetmulder wonten
ing buku Kalangwan ugi nyritakaken bab upacara sraddha kangge mengeti sedane
Tribhuwana Tungga Dewi ana ing taun 1350. Upacara sraddha minangka pengetan
raja-raja ingkang sampun puput yuswa ugi sinebut wonten Kidung Banawa Sekar,
nganggo uba rampe wujud baita (prau) sing digawe saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran
pranyata sampun lumaku wiwit jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kangge
leluhur taksih lestari lan dipepetri dening masyarakat, mligine wonten tlatah
padesan.
Nyadran
asalipun saking tradisi Hindu-Budha. Semenjak abad 15 para Walisongo
nggabungake tradisi menika kaliyan dakwah, kajeng agami Islam angsal kaliyan
gampang katampi. Ing awale para wali supados mekencengake kapidatosan ingkang wonten
ing masyarakat Jawi nalika babagan pemujaan roh ingkang lebet agami Islam
dinilai musyrik. Kajengipun mboten bebenturan kaliyan tradisi Jawi nalika
punika, pramila para wali mboten ngapusaken adat nyadran, melainkan nyelarasaken
ugi ngisi kaliyan ajaran Islam inggih punika kaliyan pembacaan ayat Al-Quran,
tahlil, ugi donga. Nyadran dipahami dados bentuk hubungan antawis leluhur
kaliyan sesami manungsa lan kaliyan Gusti Allah.
Hakekat
lan Makna Sadranan
Hakekat sadranan inggih
punika kesadaran manungsa maring perkara gesang kaliyan tilar donyo. Ingkang
sampun tilar donyo ngelairake, ingkang taksih gesang nyusul ingkang sampun sedo
(Sangkan Paraning Dumadi). Sadranan ugi ngandung makna inggih punika manungsa
kedah eling menawi kita sedaya bakal sedo. Dados manungsa wonten ing donyo
menika kedah ngatos-atos.
Comments
Post a Comment