DONGENG BAHASA JAWA LEGENDA KOTA KUDUS: PARIJATHA
PARIJATHA
Dhek jaman samana ana sawijining kulawarga, sing lanang
jenenge Sinom Parijatha, dene sing wadon jenenge Sekar Pawestri. Wong loro mau
anggone omah-omah wis mataun-taun ananging durung diparingi momongan.
Ing sawijining wengi, Sinom Parijatha oleh pituduh liwat
impen. Dheweke dikongkon mlaku ngalor parane nganti tekan sawijining grojogan
ing pereng Gunung Muria.
Kacarita, Sinom Parijatha lan Sekar Pawestri wis tekan
Padhepokan Muria. Sunan ngendikan bilih wektu iki Muria lagi kena pageblug kang
gawe rusaking tanduran. Nanging, isih ana sawijining tanduran kang kalis saka
pageblug. Tanduran mau wohe werna semu abang, dhompolane memper pari, lan
rasane sepet.
Sinom Parijatha lan garwane banjur goleki tanduran kui.
Sawise ketemu, tanduran mau banjur dipangan karo donga nyuwun diparingi
keturunan. Sawulan sawise iku, Sekar Pawestri ngandhut. Pandongane Sunan Muria,
anake Sinom dadi bocah kang bagus lair batine. Kanggo pangeling-eling, tanduran
kang dhompolane memper pari mau diwenenhi jeneng “Parijatha”.
Pitutur ing dongeng iki, Gusti Allah bakal nyembadani marang
sapa bae kang gelem ihtiar lan dedonga. Sapa kang nandur ala, bakal ngundhuh
memala.
Comments
Post a Comment